Monday, January 30, 2012

Tanggap Wacana (sepekanan)

contoh :Tanggap Wacana (pidato) Sepekanan.

Assalamulaikum Wr. Wb.

Para sesepuh tuwin para pinisepuh ingkang kinabekten.



Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes kinurmatan.



Mugi keparenga matur, ing mriki kula tinanggenah minangka tetalanging atur panjenenganipun Kang mas Bratadarmaja sekaliyan.



Ingkang sepindhah panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja sekaliyan hangaturaken pambagya wilujeng wonten ing ngarsa panjenengan.



Jangkep kaping kalihipun panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit panjenengan sadaya sampun kepareng anglonggaraken penggalih saha wekdal saperlu maringi puji-pujiastuti saha berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang nembe lair.



Wondene dumugi titi wanci ing dalu punika ponang jabang bayi sampun yuswa sapeken.



Awit saking karenaning penggalih saha karoban ing sih sutresna, putra ingkang nembe lair punika kaparingan tetenger Eka Aji Nugraha.



Esthining wardaya anggadahi pangajab tuwin panyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allahh swt., mugi-mugi putranipun punika ing tembe dadosa tiyang ingkang saleh saha migunani dhumateng nusa, bangsa, lan agami.



Kula namung nyuwunaken jurung pamuji saking ngarsanipun para sesepuh, tuwin para pinisepuh, ugi para rawuh sadaya ingkang satuhu luhuring budi.



Ingkang kaping tiganipun panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja ugi boten kesupen hangaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sanak kadang, kadang kadeyan, pawong mitra, saha tangga tepalih ingkang sampun kepareng paring sih pambiyantu ingkang arupi punapa kemawon.



Jer sadaya kanthi pangajab sageda hangentheng-entengaken punapa ingkang dados bot-repotipun Kangmas Bratadarmaja sakulawarga.



Mugi-mugi lumebering sih kadarman panjenengan kala wau pikantuk liru saking
ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad kanthi sih kanugrahan ingkang mawantu- wantu.



Ingkang salejengipun mbokmanawi anggenipun anampi karawuhan panjenengan sadaya kirang tata, kirang trapsila, kirang subasita, saha kiranging bojakrami, panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja namung hanyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksami.



Ugi kula ingkang minangka tetalanging atur, mbokmanawi anggen kula matur kirang tata, titi, lan tatas ingkang mahanani cawuh, saha seweting atur kula wonten ing ngarsa panjenengan, mugi keparenga panjenengan sadaya hangluberaken gunging samodra pangaksami.



Ing wasana cekap samanten atur kula.


Wasalamualaikum wr. Wb.

Matur nuwun......

No comments:

Post a Comment