Monday, January 30, 2012

Tanggap Wacana (kithanan)

Contoh:Tanggap Wacana (kithanan)


Assalamu’alikum Wr. Wb.

Nuwun, minangkani pamundhutipun sedherek Padma Sancaya
sarimbit, kula kalilana matur ing ngarsa panjenengan sedaya.


Kaping Sapindah:


Ngambali ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung putri saha ngaturaken sugeng lelenggahan ing palenggahan ingkang kuwawi kula cawisaken.




Kaping kalih:



Kula ngaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu kakung putri sampun kersa rawuh minangkani panyuwun kula.



Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, dene ingkang dados wigatosipun pasamuan ing dinten punika sinaosa sampun kaaturaken ing serat sedhahan, wonten prayoginipun kula kalilana ngambali caos atur, inggih punika Bapak Padma Sancaya kagungan kajad ngislamaken ingkang putra ingkang angka satunggal inggih punika Bambang Adi Putranta. Res sampun kalampahan nalika dinten Respati Manis, 1 January 2012 wonten Rowodadi,Grabag ,Purworejo, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.



Wondene rawuhipun para tamu, kasuwunan tambahing donga pangestu, mugi-mugi enggal saras, dadosa lare ingkang soleh migunani menggahing nusa bangsa sarta agami dene Bapak Padma Sancaya anggenipun mengku kajad pinaringan wilujeng nir sambikala, cinepakna suka rena sumrambah ing sadayanipun.



Para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan, panjenenganipun Bapak Padma Sancaya ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang pamong mitra ingkang sampun paring dedana, eguh pratikel bau suku saha peparing warna-warni ingkang sedaya kalawau saged damel pangentheng-entheng anggenipun kagungan kajad, saged lumampah wilujeng nir ing sambikala.



Wasana cekap semanten atur kula lan bok bilih wonten kalepatan saha kekirangipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment