Monday, January 30, 2012

Tata Cara Tanggap Wacana (pidato)

Tanggap wacana utawi pidato inggih puniko ngendiko wonten ing sak ngajengipun pkempalan tiyang kathah,kanthi maksud ingkang gumathok.

Ingkang umumtujuanipun tanggap wacana puniko kaperang dados tiga,inggih puniko:


1.Kangge nyaosi pangertosan dumatheng tiyang sanes/tiyang ingkang mersani lan midangetaken.

2.Kangge nyaosi pepenget/pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumatheng tiyang ingkang mirsani lan midangetaken supados tumindak.Kados dipun suwun dening pawacana.





NYIAPAKEN TANGGAP WACANA (pidato)


A.Suwantenipun ingkang los saha mantep/irama andap.

B.Irama suwantenipun kedah trep,selaras kaleh kawontenan.

C.Rancaking pamicaran kedah selaras kaliyan tandha-tandhanipun anta wacana .




TULADHA-TULADHA SIKEP SARIRA INGKANG KURANG MRANANI:


=>Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan.

=>Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara.

=>Jumeneng kaku utawi sawasunglipun loyo mboten wonten semangat.

=>Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet,utawi sawasunglipun jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar (mbegagah)

=>Jumeneng kanthi lelambaran satunggal suku.

=>Ngewah-ngewah sarira.

=>Gumujeng ingkang dipun damel-damel .

=>Mbesengut.

=>Gugup.

=>Tumungkul.

=>Asring ngebahaken satunggaling sariro.

=>Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kaliyan ingkang dipun ngendikaaken.

=>Asring kukur-kukur salah satunggalipun sarira.

=>Nglebetaken asta wonten ing sak clana.

=>Mboten migatosaken ingkang midangetaken .

=>Asring ningali nginggil,lan sak panunggalipun.

Semanten rumiyin......suwun!!!





selanjutnya.....CONTOH TANGGAP WACANA (pidato)

Tanggap Wacana (Hallal bihallal)

Controh:Tanggap Wacana (hallal bihallal)


Assalamualaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahi robil alamin wabihinasta’in ala umuridduni awadin washolatu wasalamu wal ambiyai walmursalin amaba’du.



Para bapak, para ibu ingkang kula kurmati, para sedherek, para hadirin wal hadirot rohimakumullah.



Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, saengga kita saged makempal ing ngriki saperlu ngawontenaken halal bihalal warga Rowodadi ,Grabag ngriki.


Para hadirin wal hadirot rohimakumullah, sasampunipun kita nindakaken ibadah siyam sewulan muput, kesabaran kita sampun dipunuji dening Allah SWT, Mugi-mugi kanthi ujian menika kita saged ningkataken taqwa kita dhateng Allah SWT.


Kita ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadangunipun setahun tamtu kemawon kathah kalepatan-kalepatan.



Awit saking menika wonten ing acara menika kita sami nglebur dosa lan kalepatan kita sedaya, sahingga kita wangsul suci malih kados dene bayi ingkang nembe lahir.



Mekaten para bapak, para ibu lan para sedherek sedaya ingkang saged kula aturaken. Sedaya kekirangan lan klenta- klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.




Wabilahitaufik wal hidayah,wassalamualaikum Wr. Wb

Tanggap Wacana (kithanan)

Contoh:Tanggap Wacana (kithanan)


Assalamu’alikum Wr. Wb.

Nuwun, minangkani pamundhutipun sedherek Padma Sancaya
sarimbit, kula kalilana matur ing ngarsa panjenengan sedaya.


Kaping Sapindah:


Ngambali ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung putri saha ngaturaken sugeng lelenggahan ing palenggahan ingkang kuwawi kula cawisaken.




Kaping kalih:



Kula ngaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu kakung putri sampun kersa rawuh minangkani panyuwun kula.



Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, dene ingkang dados wigatosipun pasamuan ing dinten punika sinaosa sampun kaaturaken ing serat sedhahan, wonten prayoginipun kula kalilana ngambali caos atur, inggih punika Bapak Padma Sancaya kagungan kajad ngislamaken ingkang putra ingkang angka satunggal inggih punika Bambang Adi Putranta. Res sampun kalampahan nalika dinten Respati Manis, 1 January 2012 wonten Rowodadi,Grabag ,Purworejo, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.



Wondene rawuhipun para tamu, kasuwunan tambahing donga pangestu, mugi-mugi enggal saras, dadosa lare ingkang soleh migunani menggahing nusa bangsa sarta agami dene Bapak Padma Sancaya anggenipun mengku kajad pinaringan wilujeng nir sambikala, cinepakna suka rena sumrambah ing sadayanipun.



Para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan, panjenenganipun Bapak Padma Sancaya ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang pamong mitra ingkang sampun paring dedana, eguh pratikel bau suku saha peparing warna-warni ingkang sedaya kalawau saged damel pangentheng-entheng anggenipun kagungan kajad, saged lumampah wilujeng nir ing sambikala.



Wasana cekap semanten atur kula lan bok bilih wonten kalepatan saha kekirangipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tanggap Wacana (sepekanan)

contoh :Tanggap Wacana (pidato) Sepekanan.

Assalamulaikum Wr. Wb.

Para sesepuh tuwin para pinisepuh ingkang kinabekten.



Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes kinurmatan.



Mugi keparenga matur, ing mriki kula tinanggenah minangka tetalanging atur panjenenganipun Kang mas Bratadarmaja sekaliyan.



Ingkang sepindhah panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja sekaliyan hangaturaken pambagya wilujeng wonten ing ngarsa panjenengan.



Jangkep kaping kalihipun panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit panjenengan sadaya sampun kepareng anglonggaraken penggalih saha wekdal saperlu maringi puji-pujiastuti saha berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang nembe lair.



Wondene dumugi titi wanci ing dalu punika ponang jabang bayi sampun yuswa sapeken.



Awit saking karenaning penggalih saha karoban ing sih sutresna, putra ingkang nembe lair punika kaparingan tetenger Eka Aji Nugraha.



Esthining wardaya anggadahi pangajab tuwin panyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allahh swt., mugi-mugi putranipun punika ing tembe dadosa tiyang ingkang saleh saha migunani dhumateng nusa, bangsa, lan agami.



Kula namung nyuwunaken jurung pamuji saking ngarsanipun para sesepuh, tuwin para pinisepuh, ugi para rawuh sadaya ingkang satuhu luhuring budi.



Ingkang kaping tiganipun panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja ugi boten kesupen hangaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sanak kadang, kadang kadeyan, pawong mitra, saha tangga tepalih ingkang sampun kepareng paring sih pambiyantu ingkang arupi punapa kemawon.



Jer sadaya kanthi pangajab sageda hangentheng-entengaken punapa ingkang dados bot-repotipun Kangmas Bratadarmaja sakulawarga.



Mugi-mugi lumebering sih kadarman panjenengan kala wau pikantuk liru saking
ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad kanthi sih kanugrahan ingkang mawantu- wantu.



Ingkang salejengipun mbokmanawi anggenipun anampi karawuhan panjenengan sadaya kirang tata, kirang trapsila, kirang subasita, saha kiranging bojakrami, panjenenganipun Kangmas Bratadarmaja namung hanyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksami.



Ugi kula ingkang minangka tetalanging atur, mbokmanawi anggen kula matur kirang tata, titi, lan tatas ingkang mahanani cawuh, saha seweting atur kula wonten ing ngarsa panjenengan, mugi keparenga panjenengan sadaya hangluberaken gunging samodra pangaksami.



Ing wasana cekap samanten atur kula.


Wasalamualaikum wr. Wb.

Matur nuwun......

Sunday, January 29, 2012

Tanggap Wacana (pasrah penganten)

Contoh : Tanggap Wacana (Pasrah Penganten)


Assalamualaikum Wr. Wb. Kula nuwun, para tamu kakung miwah putri ingkang kula kurmati, Bapa Handaya ingkang minulya.

Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Sawaldiyono sarimbit, ingkang sepisan Bapa Sawaldiyono ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapa Handaya sarimbit, kanthi pepuji mugi-mugi Bapa Handaya sarimbit tansah pikantuk barokah
saha rohmating Pangeran lan rahayu ingkang sarwa pinanggih.

Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah masrahaken calon penganten kakung ingkang peparab Bambang Anggara ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Rara Kustanti putra putrinipun Bapa Handaya.

Kajawi punika Bapa Sawal ugi ngaturi tandha tresna arupi sandhangan penganten putri sapangadeg.

Salajengipun mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.

Mugi-mugi lampahing ijab penganten kekalih tansah manggihi wilujeng, nir baya nir ing sambekala. Mekaten atur kula tamtu kathah galap gangsulipun anggen kula matur, awit saking punika kula nyuwun agunging samudra pangaksami.


Wassalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun.